Pages

Selasa, 30 Oktober 2012

udan


Udan

Nyawang angkasa eling mega
Nyatheti panas kang wus suwe
Ing njaba aku nyuwn pangajab rih na udan
Udan kang nukulake winih,
Mekarake siti, gawe asreping ati,
Nyawiji ing janji
Samangsa-mangsa bisa ketiban grimis tangis iki
Grimis kang wus dianti-anti
Dening wong akeh bakal tumeka
Rasa sayah anggone nunggu bakal kebayar
Lan bakal gawe tentreming ati

                                                                        Laeli Nur H

Tidak ada komentar:

Posting Komentar