Pages

Rabu, 31 Oktober 2012

siraman gaya solo


SIRAMAN PENGANTEN SOLO

-Laeli Nur Hidayatunnikmah-

 
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparengan kula atur uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pinisepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu, amrih risang calon pinanganten putri tansah pikantuk pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen, pinisepuh kala wau inggih menika :
1. Bapak Sartono,
2. Ibu Sartono,
3. Eyang Marmosuwita,
4. Ibu Prof. Murni Dewi,
5. Ibu Dr. Sulistyaningsih,
6. Ibu Ir. Gerandri
7. Ibu Budi Kaswanti.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparengan kula atur uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pinisepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu, amrih risang calon pinanganten putri tansah pikantuk pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
a.      Ingkang sepisan paring jamas pasiraman nun inggih ingkang rama calon pinanganten putri, sumangga dhumateng Bapak Sartono. Kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa-sarwi binarung ing donga suci lumebering toya warading saranduning sarira risang ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem, tentrem sajroning nala.
b.      Paripurna ingkang Bapak paring pangestu sesuci, age-age ingkang Ibu, nun inggih Ibu Sartono marepegi ingkang putri. Kebak ing rasa sutresna, jinamas ing warih risang calon panganten putri, waradin ing sarira saking pucuking rikma ngantos samparaning ahayu. Paripurna paring jamas pasiraman, risang ahayu ingaras kebak rasa asih lan sutrisna.
c.      Salajengipun keparenga ingkang eyang, nun inggih Eyang Marmasuwita paring pangestu dhumateng ingkang wayah, kanthi pangestu sucu dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, saderengipun angguyur toya, ingkang wayah pinaringan puji pandonga rahayu. Kaping tiga ingkang eyang maradinaken toya perwita sari. Hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang rahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
d.      Ingkang angka sekawan kasuwun Ibu Prof. Murni Dewi paring jamas pasiraman dhumateng Dewi Laksmini. Sumangga. Ibu Murni Dewi menika satunggaling guru besar ingkang kasil nyandhang gelar profesor ing UGM. Satunggaling wanodyatama ingkang wegig sarta wicaksana. Mugi risang ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksananipun Prof. Murni Dewi. Matur nuwun wonten ngarsanipun Ibu Prif. Murni Dewi, kepareng lenggah wonten ing sasana sakawit.
e.      Salajengipun kasuwun ugi paring pangestu suci dhumateng Ibu dokter Sulistyaningsih. Keparenga ibu dokter ugi paring jamas pasiraman dhumateng Hayu Dewi Laksmini. Ibu Dokter Sulistyaningsih malah kepara nate pikantuk pangaji-aji minangka dokter.
Paripurna anggenipun sesuci risang ahayu, tanggap ing sasmita Ibu Sartono sigra jumangkah ing sangajenging palenggahaning ingkang putri, hanampi kendhi saking Bapak Sartono. Para rawuh samangke kalamun kendhi sampun pecah, sareng-sareng kula aturi alok “wus pecah pamore!”
Sawega Ibu Sartono : “Niat ingsun ora mecah-mecah kendhi nanging mecah pamore putriku Dewi Laksmini”.
Selanjutnya kendhi dibanting sampai pecah.
Para rawuh : “wus pecah pamore!”
Wus pecah pamore, wus katon manther cahyane risang ahayu, marma sangsaya tambah kasulistyane.
Jangkep genep, pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lair lan batinerisang ahayu satemah madhep mantep anggenipun ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci, sakral, sarta agung nenggih adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu Laksono ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, muhung Gusti Kang Mahamirah ingkang badhe males budi luhur panjenengan sedaya. Amin.
Salajengipun Bapak Laksono paring toya sesuci ingkang mijil saking telenging kendhi pratala. Kendhi pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandhani, sempulur ing sabarang kardi, sempulur anggenipun kagungan karsa, sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun risang ahayu badhe mangun bale wisma, sempulur ing sandhang boga, donya brana.hayu laksmini sesuci toya suci kang mijil saking kendhi pratala.
Kanthi sesuci menika, mugi-mugi risang ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis saking godha rencana, kalis saking sambekala, hamung rahayu kang bakal tinemu.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar