Pages

Rabu, 31 Oktober 2012

sambutan ketua panitia-peringatan sumpah pemuda


Assalam’alaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah SMA N 5 Purwokerto ingkang kinurmatan
Bapak saha Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
Kanca-kanca sedaya ingkang kawula tresnani
Ingkang rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhateng ngarsa Gusti ingkang Maha Kwaos ingkang sampun kepareng paring rahmat lan hidayahipun saengga kula sakanca saged makempal wonten ing papan menika wonten ing adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda kanthi tentrem lan waras bregas boten wonten alangan satunggal punapa. Saklajengipun solawat saha salam katur dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun bekta kita saking alam jahiliyah dumugi alam ingkang padhang jembar menika.
Kula minangka sesepuh panitia badhe ngaturaken sugeng rawuh dhateng para rawuh ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda ingkang dipunlajengaken wonten ing dinten Jum’at kala wingi.
 Pengetan dinten Sumpah Pemuda menika gadhah maksud lan tujuannipun inggih punika kita minangka pemuda Indonesia ingkang kadhah raos patriotisme kedhah saged nerasaken perjuangan para sepuh rumiyin ingkang sampun dadosaken nagari Indonesia merdika saengga kita saged gesang ayem, tentreng kados sakmenika.
Kula ugi badhe nyuwun agunging samudra pangaksami amargi wonten ing adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda menika papan panggenan ingkang sami panjenengan sakmenika lenggahi kirang trep kalih manah panjenengan.
Mekaten atur kula, amargi kathah kelepatan wonten ing solah bawa lan atur kula, nyuwun agunging pangapunten.
Akhirul Kalam..
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

1 komentar: