Pages

Rabu, 31 Oktober 2012

pranatacara


السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَنْعَمَنَا بِالْحُرِّ يَةِ وَحْدَهُ. وَالَّذِيْ صَدَقَ و عْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَ رُشْدَهُ أمّا بعد.

Ingkang kinurmatan Bapa Kepala Dusun Bangun Budi
Para sesepuh, pini sepuh ingkang hanggung mastuti
Para rawuh kakung saha putri ingkang minulya. Para kadang anem ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sedaya sami nglahiraken raos puji syukur dhumateng ngarsa Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat, Taufik saha Hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga wonten ing papan punika, saged ngawontenaken Seminar Basa Jawa ingkang temanipun “menika.
Boten kesupen shalawat saha salam mugi katur kunjuk junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para ahli kaluwargi saha sahabatipun ingkang sampun bekta kula lan panjenengan sedaya saking jaman jahiliyah dumugi jaman ingkang terang bendherang menika.
Sakderengipun nglajengaken adicara Seminar Basa Jawa ingkang tema “, kula minangka pranatacara wonten ing wekdal menika langkung rumiyin badhe maosaken rantamaning adicara Seminar Basa Jawa, inggih menika:
  1. Pambuka
  2. Sambutan Ketua Panitia
  3. Wosing gati
  4. Panutup
Pramila sumangga adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, dipunbika sareng-sareng mawi maos Surat Al-Fatihah sesarengan kanthi kula dherekaken. ‘Alaahadiniyah, Al Fatihah….
            Matur nuwun kula aturaken dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa mbika adicara wonten ing wekdal menika, mugi-mugi kanthi waosan menika adicara saged kalampahan kanthi sae dumugi purwakaning adicara samangke.
Adicara ingkang angka kalih inggih menika sambutan saking sesepuh panitia, ingkang badhe dipunaturaken dening sedherek Danu Wicaksana. Dhumateng panjenenganipun sederek Danu Wicaksana kula aturi jengkar saking sasana pilenggahan dumugi wonten ing sasana tegak pada, sumangga..
            Matur nuwun dhumateng sederek Danu ingkang sampun kersa paring sambutan. Mugi-mugi adicara menika saget kalaksanan kados menapa ingkang dipunkajengaken dening panitia pengetan dinten kamardikan.
Adicara ingkang angka tiga inggih menika wosing gati ingkang badhe dipunaturaken dening Bapa Primastyo Faris. Dhumateng panjenenganipun Bapa Primastyo Faris kula aturi jengkar saking sasana pilenggahan dumugi wonten ing sasana tegak pada, sumangga..
Matur nuwun Bapa Primastyo Faris ingkang sampun kersa paring ngelmu kangge kita sedaya, mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya saged methik wosing atur saking Bapa Primastyo Faris.
Adicara ingkang angka sekawan inggih menika panutup. Minangka pungkasaning atur, hambok wonten kuciwaning basa krami, anggen kula hanampi menggah menggah rawuh panjenengan sami. Inggih ingkang nata palenggahan, atur pasugatan, punadene wonten atur leladi kirang mranani ing penggalih nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa hambok bilih wonten keladuking ptrap lan pangucap tuna dungkap ing paramasastra ingkang boten anuju prana. Sumangga adicara wonten ing wekdal menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabbil’aalamin..
Cekap semanten atur kula, Billahitaufik walhidayah..

ولسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Tidak ada komentar:

Posting Komentar