Pages

Rabu, 31 Oktober 2012

ceramah perpisahan


Assalamu`alaikum wr.wb.
A`udzubillahiminassyaitonirrojim, bissmillahirrohmanirrohim, alhamdulillahirobbil `alamiin, assholatu wassalamu`ala asyrofil ambiyai walmursalin, sayyidina wamaulaana muhammadin wa`ala alihi washohbihi ajma`in, qolallahu ta`alafil quranil karim, wa mayyakmal mitsqola darrotin khoiroyyaroh, wa mayyakmal mitsqola darrotin sarroyyaroh.
Panjenenganipun Bapa Kepala Sekolah Menengah Atas N1 pekalongan ingkang tansah kula bektosi, para guru kakung saha putri lan ugi para karyawan saha karyawati SMAN1 Pekalongan ingkang tansah kula hormati ugi. Boten kesupen dhumateng para siswa kelas XII ingkang tansah kula tresnani. Minangka dados purwakaning atur kula, ingkang angka sepisan, sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah nglairaken raos puji dalah syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Awit saking rahmat, nikmat, hidayah, saha kasarasan lair saha batos ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita sedaya saengga wonten ing wekdal menika kita sedaya saged makempal wonten ing panggenan menika kanthi wilujeng, boten wonten alangan setunggal menapa. Amin amin ya robbal `alamin. Boten kesupen, salam saha sholawat mugi tansah katur kunjuk dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad S.A.W  ingkang sampun paring pepadhang dhumateng kita sedaya, sampun bekta umatipun, inggih menika kula lan panjenengan sedaya saking jaman jahiliyah dumugi jaman ingkang terang bendherang  kados ing jaman sakmenika.  Mugi-mugi kita sedaya saget dados umatipun kangjeng nabi ingkang bekja. Pramila sumangga kita nglairaken sholawat dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad S.A.W kanthi sesarengan kanthi kula dherekaken. Allahumma shola`ala Muhammad, wa `ala alihi sayyidina Muhammad. Matur nuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglairaken sholawat kanthi sesarengan, mugi-mugi  tansah pikantuk syafaatipun kanjeng nabi Muhammad wonten ing yaumul qiyamah samangkih. Amiin ya robbal `alamiin.
Para rawuh ingkang minulya, wonten ing wekdal menika kula ngaturaken matur nuwun sanget amargi sampun dipunparingaken wekdal kagem jumeneng  wonten ngajeng mriki kagem paring atur pangendikan sekdhik. Boten kesupen kagem panitia ingkang sampun paring wekdal saha papan kagem jumeneng kula sakmenika.
Para rawuh ingkan minulya, ingkang angka kalih badhe kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya inggih menika kula saestu sanget derek bingah kagem para siswa kelas XII ingkang sampun sami nglampahi Ujian Akhir Nasional, lajeng saksampunipun sami nampi pengumuman saking Dinas Pendidikan dan Kebudayaan dipunparingi lulus sedaya, saengga ndadosaken bingah saking siswa piyambak, saha para guru ugi karyawan wonten ing SMA mriki. Kajaba menika kemawon, matur nuwun kula aturaken kagem para siswa kelas XII  amargi wonten ing saklebetipun Ujian Akhir Nasional para siswa kelas XII sami nindakaken peraturan kanthi sae uga boten wonten ingkang nindakaken prekawis ingkang awon. Saengga menawi panjenengan sedaya sami lulus, menika saestu hasil ingkang pas, trap, cocok panjenengan sami kaliyan usaha ingkang dipuntindakaken panjenengan sedaya.
Para rawuh ingkang minulya, ingkang angka tiga badhe kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya inggih menika babagan saksampunipun para siswa kelas XII sami lulus. Sampun kesupen bilih tugas panjenengan dados generasi mudha ingkang dados penerus perjuangan bangsa Indonesia dereng purna. Pramila bok menawi panjenengan gadhah cita-cita ingkang sae, sumangga dipungayuh ingkang saestu. Menawi panjenengan badhe pados pedamelan, sumangga pados pedamelan ingkang cocok lan ugi sae saha kedah temen anggenipun nyambut damel samangkih.
Para rawuh ingkang minulya, ingkang angka sekawan badhe kula aturaken inggih menika ngengingi kahanan jaman. Jaman sakmenika sampun boten karuan kahanannipun, bedanipun tebih sanget kaliyan kahanan wonten ing jama rumiyin. Saengga kula wonten ing mriki namung badhe ngemutaken malih dhumateng panjenengan sedaya supados boten nindakaken prekawis ingkang saget  ndadosaken pribadi  panjenengan piyambak rugi amargi nindakaken pedamelan ingkang awon. Saengga panjenengan sedaya kedah ngatos-atos ingkang saestu menawi badhe nindakaken pedamelan menapa kemawon. Amargi wonten ing jaman menika kathah sanget kadang anem ingkang sami kabekta jaman saengga ndadosaken tuna wonten ing tembe buri.
Para rawuh ingkang minulya, makaten wau ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya wonten ing ngajeng mriki. Matur nuwun panjenengan sedaya sampun sami kersa nggatosaken kula wonten ing ngajeng mriki. Hambok menawi anggenipun kula matur wonten ing ngajeng mriki kirang tata basanipun,  boten sakeca wonten ing penggalih panjenengan sedaya, saha solah bawanipun kula anggenipun matur kirang trap, pas wonten ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Minangka wusananipun atur kula, billahi taufik wal hidayah, wassalamu`alaikum warohmatullahi wabarokaatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar